Selasa, 14 Maret 2017

Pidato Bahasa Jawa tema Lingkungan



Ingkang dhahat kinurmatan Bapak dalah Ibu guru
Saha dhumateng para rencang sedaya ingkang kawula tresnani
Assalamu’alaikum warrohmatullahi wabarokatuh.

             Puji syukur marang gusti Allah sehingga kita iso makempal sesarengan kanthi kawontenan mboten kirang setunggal menapa.

            Ing mriki kula badhe ngaturaken bab lingkungan sekolah SMPN 20 Malang. Lingkungan ing sekolah iki katon asri lan ijo royo – royo sehingga kita kudu ningkatake keresikan lingkungan lan njaga tanduran – tanduran supaya ora rusak. Contohe yaiku kita kudu buang sampah ing tong sampah. Tong sampah ing SMPN 20 dibedaake dadi 2 yaiku sampah organik lan sampah anorganik. Sampah organik yaiku golongane sampah plastik, kertas, botol. Yen sampah anorganik yaiku golongane sampah sisae panganan, godong – godong sing wes garing. Kita kudu iso deweaken sampah organik lan sampah anorganik amarga sampah organik gawe daur ulang yen sampah anorganik gawe pupuk ing sekolah. Dadi yen kita buang sampah sembarangan, sekolah iso dadi banjir. Got – got ing sekolah kudu diresiki supaya ora dadi sarange nyamuk lan warga sekolah ora kenek penyakit demam berdarah. Supaya kelas ketok resik, ing saben kelas kudu onok piket kelas.

Ing sekolah saben dina jumat diadaake kegiatan jumat resik. Kegiatan iku tujuan e yaiku supaya warga sekolah peduli sekolahe gawe nyiptano lingkungan sekolah sing asri, resik. Kabeh warga sekolah bareng – bareng ngresiki sekitar sekolah. Lingkungan sekolah sing resik lan sehat iku kanggo warga sekolah supaya murid – murid ing sekolah iso sinau sing nyaman. Lek sekolah kita katon reged, murid - murid dadi ora iso sinau sing nyaman. Sekolah iki wes dadi sekolah Adiwiyata dadi kita kudu njaga keresikan lingkungan sekolah ojok sampe ngilangake gelar Adiwiyata ing sekolah.

            Cukup semanten ingkang kula aturaken. Semoga bisa migunakake.


Wassalamualaikum warrohmatullahi wabarokatuh.

0 komentar:

Posting Komentar